Postingan

Geguritan

MATERI BJ Pengerten Geguritan Geguritan kuwe kalebu karya sastra sing panulisane wujud larikan utawa gatra,nganti wujud pada utawa bait. Manut jamane,geguritan dikelompokna dadi: 1.Geguritan Gagrag kuna/sastra tradisional. 2.Geguritan Gagrag anyar/sastra modern. Geguritan Gagrag kuna/lawas Yakuwe geguritan sing esih kaiket dening wewaton,kaendhane ana neng tembunge/diksine,erta nganggo purwakanthi. Tengere: 1.Jenenge pengarang ora ditulis 2.kaiket dening guru gatra,guru lagu,guru wilangan lan puwakanthi 3.diwiwiti tembung sun 4.Cacahing gatrane ajeg,paling sitik 4 gatra 5.Cacahing wanda gatra siji lan sijine pada akehe 6.Tibaning guru lagune kudu runtut Geguritan gagrag anyar/modern Yakuwe puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket dening paugeran tartamtu. Wewatone geguritan; 1.Ora kaiket wewaton guru gatra,guru wilangan,lan guru lagu. 2.Lewih ngutamakaken babagan isinesing mentes,apik,endah,lan uga apik. 3.Ngnggo purwakanthi seperlune bae. 4.Isine bab pitutur,piwe...